Tuesday, April 19, 2011

Piwelingku


Urip iku mung sapisan nang alam dunya
aja dumeh lan aja nggege mangsa
aja dahwen lan aja nyolong dhuwekne liyan
Yen sira ora bisa anglakoni sabar
mangka urip iki dadi bubar ambyar

Nuruti lakune dunya
kang saya suwe saya akeh pratingkah
wong dipeksa dadi golek
lan dadi wayang saka kepentingane
wong kang dagang
urip mung dinggo ngumbar
nefsu angkara lan lawamah
muturut paugeraning doltinuku

Dunya iku tegese asor lan ora nduweni pitulung
Dunya iku bakal nulungi nalikane kawulane Allah
nulungi agamane Allah
Dunya dianggo mung netepi paugeraning agami
Sedekah, zakat, lan aweh pitulung marang kang butuh
ora numpuk dunya kanggo kasenengane sarira
Iku mung lumantaran kabegjan sejati

No comments: