Thursday, December 21, 2006

Mak

Mak ...
Rambute wis akeh sing putih
Uwane ngubengi sirah
Kulite rai wis pating tekuk
Pipine tambah kempot
Sering mriyang katisan
Ayune ilang
Tapi kebecikane Mak belih bisa tak bayar

Mak..
Sampean dhaning tambah gering
Awake tambah kuru
Akeh pikiran yah Mak?
Mikiri apa?
Mikiri umur?
Mikiri Bapak sing wis ora ana?
Mikiri donya sing wis ora nggenah
Udan salah mangsa
Lenga sing larang
Beras sing angel dituku
Apa mikiri anak-anak sing kangelan diatur?

Aku kemutan Mak
Mbiyen nalikane Sampean tangi jam 2 bengi
Maring pawon tumandang gawe
Esuk jam 7, Sampean lunga maring pasar
Dodolan sega lengko karo Kang Suwargi Bapak
Kadang rame lan kadang sepi
Ning Sampean karo Bapak belih pernah kesel

Mak...
Saiki Bapak wis ora ana
Sampean mestine ngrasa sepi
Bocah-bocah wis gedhe kabeh
Dina tuwa arep apa?
Moga tambah perek karo Sing Gawe Urip
Dongakna Bae anak-anake Sampean
Pangapurane sing akeh yah Mak
Inyong pengin nggawe Mak Bungah

Melbourne, 22 Desember 2006

No comments: